Minggu, 05 Mei 2019

Geguritan



Dalan
Artina Wiludjeng Pangestuti
Pendidikan Bahasa Jawa,
FKIP UNS

Iki perkara dalan sing wis tak lewati
Lan dalan sing bakal tumeka
Pinaringan wahyu sasmita sang kuwasa
Kang ora bisa dinuwa
Kayata rasa tresna
Sing mbok gawe bingung
Sliramu wis gawe aku tresna
Ananging sliramu ora menehi sing kang pasti
Geret ngendurne atiku koyo layangan
Apa dalan iki sing kudu tak lewati?
Dalan sing sepi....
Amung ana wit-witan lan manuk sing ngoceh
Dongo mbaka dongo....
Wis tak puja saben pungkasane dina
Supaya ndang diparingi dalan alus

Nanging......
Gambarane tresna isih panggah padha
Kaya swarane wong anyang-anyangan ing pasar
Antarane ngewenehne ati iki,
Apa nuruti krenteging sing wis ancur
Nalikane yen sliramu wis dadi takdirku,
Sliramu bakal bali
Ananging yen sliramu ora dadi takdirku,
Mbok arep tak genggem kaya apa wae
Sliramu bakal bali marang sing duwe
Kabeh iku butuhake wektu
Kayata dalan sing bakal tak liwati